Senin, 16 Maret 2009


Keris




Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi




Keris
Keris utawa tosan aji utawa curiga iku salahsiji senjata tradhisional masyarakat Jawa uga dadi salah siji lambang paripurna wong lanang seliyane turangga, wisma, wanita lan kukila. Curiga utawa keris iku nduwe makna jantan, perkasa lan dewasa, utawa wong (lanang) Jawa iku kudhu tangguh, sanggup nglindungi awake dhewe, kaluargane lan mbela negara.


Sajarah
Urung ana kasil penilitian sing brasil nento'ake kapan wong Jawa wiwit kenal keris, ning keris Jawa wis nduwe wujud sempurna wektu jaman karajan Majapahit. Ing jaman mbiyen, keris iku dadi lambang kepangkatan uga isa dadi hadiah paling istimewa utamane yen hadiah keris saka raja.


Fungsi
Jaman saiki fungsi keris wis kurang, umume mung dadi barang koleksi uga kanggo perlengkapan upacara-upacara lan ritual adat. Yen jaman mbiyen seliyane nduwe fungsi senjata, keris uga isa kanggo tandha status sosial, jenjang pangkat uga hadiah. Keris neng jaman mbiyen uga isa dadi simbol peseduluran sing ditandhai upacara tukar-tukaran keris, malah iki dadi simbol peseduluran sing paling dhuwur.Neng praktek-praktek sing sifate mistik, keris dianggep azimat lan media/umah roh makhluk gaib.


Bagian-bagian
Keris nduwe 3 bagian utama, uga keris Jawa. Masing-masing bagian iku nduwe bagian-bagian maneh sing luwih detail sing wujude umume ukiran. Ukiran neng bagian-bagian keris Jawa nduwe makna lan karakter sing seje-seje.

sumber :http://jv.wikipedia.org/wiki/Keris_Jawa



Budaya Jawa






Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi



Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Budaya Jawa pranataning uripe wong Jawa nuju kasampuraning jalma manungsa. Pranatan iki tegese pangerten lan cara. Pangerten bab urip nuduhake sapa sejatinging manungsa iku, jejer lan kewajibane. Dene cara nuduhake pakeming tumindak ing purwa, madya lan wusana ning kahanan. Uripe wong Jawa tansah njaga larasing swasana. Dadi kabeh perangane urip kaya ta pribadine dhewe, liyan, alam lan apa wae sing ana sakliyane dheweke kudu isa nampa lan nyengkuyung budine sing nuju marang kasampurnaning urip.


sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Budaya_Jawa